Niatlah atas nama Allah

Suatu Kebaikan menjadi bernilai bila dilakukan dengan ikhlas, dan akan menjadi celaka bila dilakukan dengan pamrih, Fastabiqul Khoirot - Berlomba-lombalah dalam kebaikan dengan niat karena Allah

Tuesday, October 16, 2012

Milih Lurah Takon Nurani



Gareng, Bagong, Saino, Paijo, Saiyem mbengi bar melu rapat warga masalah pilkades, wekase pak Ketua Panitia koyo kiye :
'' Ayo poro wargo, mengko pemilihan Lurah ojo podo gontok2an..., saling njogo keamanan yo, podo2 sedeso ojo nganti ribut.. Sing damai...Isin karo desa liyane.., lan sing mesti ojo kepengaruh karo duit sogokan alias mani politik nggih, ojo kepengaruh propokasi wong liyo opo maning poro pecut..., pilih sesuai HATI NURANI, takon karo nuranine,, kiro2 sing bakale cocok mimpin deso kiye sopo, paham mboten?''
''Nggih, kulo paham pak!!!'', semaure poro warga biso kompak teo...
Bar kumpulan Gareng Cs gemruduk mlayu aring umahe Nurani....
''Nur...Nur.... Kiye metuo...poro warga penasaran kabeh... Asline riko kuwi mbesuk ape milih lurah sopo?''
Nurani metu kaget teo weruh wong akeh teo nang latar umahe...
''Lah sampeyan podo mene kuwi ape takon nyong ngesuk milih Lurah sopo? Lah koh bisane takone karo nyong?''
Gareng semaur,'' Lah mau tah bar podo kumpulan nnang mbale, jare pak panitia ngko dung milih Lurah kon sesuai karo hatine Nurani..., mulane nyong podo ape takon kiye''

No comments:

Post a Comment

Mohon tinggalkan pesan, kritik yang membangun agar Blog ini dapat bermanfaat. Terima Kasih